Geguritan Bahasa Jawa – Apakah Kita suka dalam menulis sebuah puisi ? Puisi apa yang sering kita buat ? Puisi tentang pendidikan dan puisi tentang romantis ?
Banyak seklai orang yang menyukai segala sesuatu yang berhubungan dengan puisi, baik membuat puisi atau membaca sebuah puisi.
Puisi-puisi yang bisa dibuat dengan berbagai bahasa, baik bahasa Indonesia, bahasa Jawa dan bahasa Inggris. Di dalam bahasa Jawa puisi dikenal sebagai geguritan.
Daftar Isi
Pengertian Geguritan
Pengertian Geguritan Bahasa Indonesia
Geguritan adalah sebuah karya sastra Jawa yang dibuat dengan kalimat yang bagus atau indah dan memiliki arti atau makna. Cara mengungkapkan geguritan yang bisa menggunakan bahasa yang memiliki rima, mitra, irama dan penyusunan yang tepat.
Geguritan juga bisa dibuat dengan cara ungkapan perasaan dan pikiran. Di dalam bahasa Indonesia geruritan adalah puisi. Geguritan dan puisi adalah sama, hanya berbeda dari segei bahasanya. Jadi geguritan adalah sebuah puisi yang di tuangkan ke dalam Bahasa Jawa.
#Pengertian Geguritan Bahasa Jawa
Geguritan yaiku salah satunggaling karya sastra Jawa kang kawujud saka raos ing manah kang diungkapne kale penyai ing damel bahasa ingkang nduweni irama, rima, mitra, bait lan penyusun liring ingkang nduweni arti utawi makna wonten ing lirik geguritan. Geguritan ing bahasa Indonesia kasebut namine Puisi.
Ciri-Ciri Geguritan
Supaya bisa mengenali lebih mudah dan lebih cepat ditangkap, terlebih dahulu kita belajar tentang ciri-ciri dari geguritan. Berikut ini ciri-ciri yang harus kita ketahui dari geguritan, diantaranya adalah :
- Bahasa yang akan digunakan harus indah dan sopan.
- Memiliki aturan “guru gatra, guru lagu dan guru wilangan”.
- Kalimat yang akan kita pakai harus mempunyai arti atau makna.
- Ada nama pengarang di dalam teks geguritan, berada di depan bagian atas.
Struktur Geguritan
Struktur Fisik
- Pamilih Tembung “Diksi”
Diarani diksi yaiku tembung-tembung ing njerone geguritan sing biasane nduweni sifat polisemi, nduweni tegese abstrak lan konotatif. Pemiling tembang kang trep, bisa ngasilaken imajinasi kang manjila
- Ritma Atau Majas
Yaiku mbaleni ukoro, mbaleni suara “vocal”, kelompok tembung “frasa” utawa mbaleni tembung.
- Majas
Majas yaiku tembug ingkang digawe penyair ndamel nyeritakake setunggale bab kang kanthi cara mbandingake kalian barang utawi tembung lintune.
- Tipografi
Tipografi yaiku larik-larik utawi kang tinulis mawa pada per bait. Bab niki kang mbedakne antarane gancaran lan geguritan.
Struktur Batin
- Tema
Tema “buku gagasan” yaiku punjeraning bab ingkang dadosaken geguritan niku dados utawi gagasan kang dikarepake penyair utawi penulis. Tuladhane : politik, moral, agama, individu lan liyane.
- Sikap Penyair Kepada Pembaca “Nada”
Sikap penyair kepada pembaca yaiku sikap “patrap” ingkang di damel ing njerone geguritan. Tulodho : muji, nuturi, ngenyek, ngguroni, nyemoni lan liyane.
- Pangrasane Penyair
Tegese tembang ingkang di damel ing njero geguritan, ingkang ngadah fungsi lan tegese ndamel jelmakake rasa pangarsa sing ngadah sifat kompleks lan rowa, kang kelebu ing rasa-pangarsa. Yaiku : antipati, sedih, susah, empati, simpati, seneng, gumun, kangen.
- Amanat/Pesan
Bab kang diweharake penulis / penyair marang pemaos. Amanat niku mboten di tulis kanti terang trawaca, ananging sinandhi, enten pangrakiting tembang.
- Suasana
Suasana yaiku kahanane jiwa pemaos sak sampune maos geguritan.
Jenis Jenis Geguritan
Geguritan Bahasa Jawa dibagi menjadi 3 bagian, diantaranya adalah :
- Geguritan mengenai gambar yang menandakan sebuah peristwa atau kejadian “deskriptif”.
- Geguritan yang didalamnya ada sebuah kritikan atau sindiran.
- Geguritan yang terakhir adalah menceritakan sebuah pengalaman, kondisi dirinya sendiri ataupun orang lain “naratif”.
Baca Juga : Paribahasa Bahasa Jawa
Geguritan Bahasa Jawa Tema Ibu
IBU
Ibu
Anakmu kang dak wanti wanti
Kang dak kawatirak
Kak kok titipake ana pawiyatan luhur iki
Iki anakmu
Kang durung isa nyenengke ibu
Kang durung bisa nyenengke keluarga
Kang isih dadi tanggunganmu ibu
Nanging ibu
Anakmu iki bakal banggakke ibu
Banggakke keluarga kabeh
Anakmu ora bakal nyerah bu
Kanggo nyekel lintang ana langit
Kang kadhang ditutup mendhung
Kang kadhang mripat wae wes ora bisa weruh
Ananging anakmu iji janji ibu
(Intan Nukhi Adhiya)
ANGGERKU
Ngger
Biyung nyuwun ngapura
Ora bisa dadi biyung kang sampurna
Ora bisa nglegakne atimu
Ngger,
Uripku kebak kaluputan
Ngiwa luput, nengen nggih luput
Rumangsaku aku wes manut
Bangun turut karo sing jarene winasis
Nanging nyatane isih tetep luput lan diluputi
Lara atine biyung, nggih
Kepengin cerita wae,
Ora enak sing gelem krungu
Apa male sambat, mung arep di geguyu
Kabeh wes ora percaya karo biyung
Kabeh iki nyatane ngapusi
Ananging biyung isih tetep percaya, ngger
Mung siji sing ora bakal ngapusi
Gusti Kang Maha Agung
Yanik Agus Setyaningsih
Geguritan Bahasa Jawa Tema Lingkungan
KITIR
Kitir iki
Isi panantangku marang wengi
Kang kebacut anggone nguja sepi
Dolanan swarane asu baung nggeririsi
Kitir iki
Wujde pangundamanaku marang awang-awang
Kang kebacut brangasan
Ngrentengi lintang, nguntal rembulan
Kitir iki
Srana gugatmu marang isen isening jagad
Sing pijer royokan berkat
Tan keguh njaluk ruwat
LINTANG PANJER RAHINA
Nalika bumi isih sepi
Lintang panjer rahina wes tangi
Menehi pepadhang sagung dumadi
Kang wiwit gumregah ngupaya rezeki
Para among tani wes ndalidir mecaki galengan
Mbok bakul sinambiwara wus sengkut makaryo
Para ngulama tumungkul pangestu puja
Para santri wiridan ngaji
Jago kluruk sesautan
Melu tasbih marang pangeran
Ndonya sampun gagat rahina
Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa
Geguritan Bahasa Jawa Tema Sekolah
SEKOLAHKU
Sekolahku…
Panggonan anggonku pados ilmu
Sekolahnku…
Diwulang dening Bapak lan Ibu Guru
Sekolahnku…
Sinau, maca buku
Ing panggonan iki
Aku di ajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti
Ing panggonan iki
Aku diajari marang kanca aja srei
Diparingi PR kangge gladen
Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan
Aku percaya…
Senajan abot kudu dilakoni
Kabeh mau kanggo kepentingan pribadi
Kareben ngesuk dadi wong kang aji
Miguna tumprap bangsa lan negri
SEKOLAHKU
Bangunanmu kang megah
Mandeg sakulone alun-alun Sidoarjo
Dadi tujuwane siswa-siswi
Sing arep gelot ilmune kanggo sangune tuwa
Saben dina
Aku tansah ana njero ruanganmu
Ngrungokake piwulangane bapak lan ibu guru
Apa sing kudu di gugu lan dituri
Tambah dina tambah marem atiku
Sekolah neng SMA Negeri Dua
Sing kawentar gurune
Sing kawentar prestasine
Kinanthi Baru X MIA 2 SMAN Sidoarjo
Geguritan Bahasa Jawa Tema Pendidikan
REUNI
Sawise lawas pisah
Ketemu wes podho dadi simbah
Rambut-rambut putih, pasuryan podo malih
Pethuk gapyuk rerangkulan nyuntak sakehing rasa kapang
Ati kang trenyuh mripat kekembeng luh
Wor suh karo rasa bungah
Guyu-guyu renyah kaya nalika isek bocah
Dhek biyen nate dadi sakukuban
Njur podo pisah dalan, nepusi lelakone sowang-sowang
Lungit angelangut, lam-lamen zaman kesaput pendhut
Nganti wancine srengenge dunyo ngulon
Beja, dene isih bisa sapatemon
Duh Gusti ingakang Maha Mirah
Namung saget muji syukur alhamdulillah
Ngene isih menangi kumpule balung pisan
Djoko Waluyo
ARTI TEMAKU
Ing petenge arah lan langkahku iki
Panjenengan dados srengenge kangge uripku
Menehi sumunar cahaya kangge kabeh pangarepan
Panjenengan madhangi lurung-lurung kang buntu
Lewat sorotan cahaya kang metu saka suara lan tuturmu
Ing kelas kang ayem tentrem iki
Aku nangkep artine panguripan
Mung marang panjenengan gegayuhan dipun taruhaken
Lan marang panjenengan pengarep kang luwih becik
Panjenengan kang nentokake nasib Bangsa Paduka
Mboten mokal kagem panjenengan
Mujudake generasi emas Bangsa kang gemebyar ing pepetengan
Saben dino panjenengan nindakake kegiatan mulyo iki
Rasa sabar uga ras iklas ndampingi seban dino
Sakabehe ing dunyo ora bisa bales jasamu
Yaiku jasamu kang isok nggawe bintang ing pepeteng
Kita ora bisa ngganti jasamu karo opo wae
Nanging, kita bakal nggawe panjenengan bangga
Jasamu bakal kito pangeti sajeroning uripku
Baka kita pengeti ing sajroning ati
Lan ora bakal lebur dening puteran waktu
Matur nuwun sanget, Guru ingkang kulo tresnani
Tanpo panjenengan bakal peteng
Lan amargi panjenengan urip dadi migunani
Putri Mulyasari
PAMULANGAN
Jarene simbah aku kudu sekolah
Kareben dadi bocah genah mrenah orah nggladrah
Jarene ram ibu aku kudu sregep mangkat
Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat
Jarene bapak ibu guru aku kudu sregep sinau
Tambah ilmu
Kareben kelakon kabeh kang tinuju
Nanging
Prakanca….
Coba delengen kahanan nyata
Apa sih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata
Pamulangan kang tanpa tuladho
Pamulangan kang kasatan piwulang
Pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta
Siji lan siji ana piro ?
Jare anut kang nduwe kersa
Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maleh tata krama
Lali duso…
Kabeh lurung binarung kumalungkung
Pamrih pamuji siji
Pamulangan ora aweh pepadang
Simbah…
Nyuwun pangapunten
Kulo mboten kepingin dados dokter
Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper
Rama…
Nyadong duka
Kulo mboten kapilut drajat pangkat
Jalaran ajrih sumpahing rakyat
Kang panggah mlarat sekarat
Bapak ibu guru…
Nyuwun dungo pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu saget dados sangu
Budhi Setyawan
Geguritan Bahasa Jawa Tema Sahabat
LAYANG IKI KANGGO SLIRAMU
Layang iki kangge sliramu
Layang batin kang ora bakal pernah kok woco
Aku arep ngilang sakwentara
Menawi setahun nanging ora mergo wong liyo
Mergo aku kuduk fokus ngadepi perkara
Perkara kang wes suwi dadi kekarepan ati
Kang ijih ora kena diganggu sopo-sopo
Aku arep njaluk ngapuro
Menawi ilange awakku marahi sliramu loro
Nanging aku iki wis tuwo
Lan aku durung olih apa-apa saka uripku iki
Aku nyuwun pangapura
Intan Nukhi Adhiya
KANGGO KANCA
Mbiyen, tanganmu genggem tangaku
Mbiyen, pundakmu enek kanggo aku nangis
Mbiyen, guyumu nentremke atiku
Nanging saiki…..
Tangan, pundak, nguyumu ilang saka uripku
Kanca-kancaku kabeh, bayangno
Apa sejatining kahanan sajroning dunyo
Yen ora ana welas lan asih
Ora ana uga kekancan tanpa pamrih
Ing sakjeroning manah atiku
Aku ngerasakne kepingin ngamuk wektu iku
Kanca lan kancaku
Elingo rasa atiku iki
Jagane rasaning welas asih iki
Geguritan Bahasa Jawa Tema Agama
GUSTI
Gusti…
Dalem namung tiyang kang lemah
Kang mbiten saged mlampah piyambak
Gusti…
Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil
Tansah kegoda kesenengan dunyo
Gusti…
Hamung siji panyuwunku
Tuntun dalan wonten ing margi kang padhang gusti
Duh Gusti…
Geguritan yang judulnya Gusti menceritakan tentang seorang manusia yang hakikatnya adalah ciptaan dari Allah SWT. Manusia hanyalah makhluk yang lemah dan sangatlah mudah untuk masuk kedalam keburukan.
Banyak manusia di dunia ini yang akhirnya tersesat karena mereka hanyalah memikirkan dunia dan terlena dengan dunia ini.
Pesan yang bisa kita ambil dari geguritan ini adalah manusia sebagai makhluk Tuhan yang harus selalu beribah dan selalu mengingat kepada Allah SWT. Karena tujuan diciptakan manusia di dunia ini adalah supaya beribadah kepada Allah SWT.
Selalu berdoa supaya bisa diberikan petunjuk serta jalan yang lurus dalam mengarungi kehidupan di dunia ini.
Geguritan Bahasa Jawa Tema Alam
ESUK IKI
Angin pancen sumilir ngerajut awak
Ananging mau bengi hawane nggoda angen
Kumepyur grimis ngruwis nggawa pangarep
Mengko udan ngademi bumi sing ngrantu
Woh, woh, medot rasa gumawang
Lebu sing tumemplek lumahing godhong
Durung owah gambarane
Jago kluruk sesautan ora miyak cahya srengenge
Kaya padatan njalari dunyo iki tangi
Dunyo peteng ora kawiyak sunar padhang
Ing bang wetan ngranuhi sesawangan
Kepara saiki krasa kulit anyep
Kesiram angin playon nerek-nerak sak karepe
Isih binareng thathit gumerit nyigar ketek dhadha
Gordhin jendela mobat-mabit sesalaman
Kleyang-kleyang godhong ing ngarepan
Mudal-mudal gumletak ngebeki plataran
Godhong belimbing, blimbing wuluh lan jambu bangkok
Mosak-masik ing plataran ora kumanan ketekan semen
Got paving urunan warga gumlesah larahan pasar
Sing teko ora kinira miyak dunyo
Apa iki samita lumahing dunyo kurebing langit
Aweh panyendhu marang manungsa
Esuk lan sore singgeting dina rahina
Wengi nggarit ati miyaki leladi iku wes pinasthi
Aja ngowah-owahi lakuning lintang ing akasa
Iku luwih prayoga
Ariesta Widya
MERAPI
Merapi…
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare hyang bagaskara
Merapi…
Saumpomo kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit zaman Mataram Kuno
Nganti madega Kraton Yogyakarta
Merapi…
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Zaman mardika zaman Soekarno
Nganti zaman Soeharto
Zaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi
Putha Aryana
KIDUNG WENGI
Wengi wes lumingsir jero
Cahyane sang candra katon surem
Tumiyung mangulon mapak tekane gagat raina
Kahanan katon tintrim
Mung swaranae jangkrik sesahutan ngumbar lelagon
Kala-kala jegoge asu sing mecah wengi
Jalma manungso wes podo lerem ing pangimpen
Nepsu-nepsu panguripan uwal saka nala
Gumanti impen-impen kang endah mbuntel panjangka urip
Mung kemrosake manuk codot nrusuk ing pang-pang wit pelem
Ngluru woh-wohan nganggo nganjel weteng
Saksuwene sawengi natas ngancani sepining bawana
Swarane jago kluruk podho pamer swara
Minangka pratandha yen bagaskara bakal tumeka
Cahya warna abang rampak-rampak
Pratandha ngajak jalma miwati makarya
Ngobahake raga
Ngudi rejeki ngluru pangupa jiwa
Sakwuse madhep kiblat
Ing tengahing pedhut manjing subuh
Nyeyuwun nugrahaning kang Maha Rahmat
Hadi Pamungkas
ARGA IKI
Mataun-taun
Sira ngerusak geger lan awakku
Makaping-kaping
Landhepe bendho lan pacul
Nyigar lemah subur dadi larik-larik tandur
Pokalmu mblandong sapenak dhengkul
Lemah ijo wes malih gundul
Tirta musna ing mangsa ketiga
Ninggal belik nalika paceklik
Jare wadhuk dadi alesan
Ora bakal ana rampunge
Nadyan dunyo pisan
Denuntal sakabehe
Yoh
Entenana
Yen tekan titi mangsa
Arga iki nagih prasetya
Siswidiadi Ngesti N
SEDHANG TIRTA PANGGESANGAN
Kinclong, klimpah-klimpah, kumricik ilining toya
Pating sliri tawes, wader pari dalasan anggang-anggang
Sedaya memuji maring Hyang Widhi
Tanpa sih paduka Gusti
Dados punapa awak mami ?
Widodari kayangan sami lelumban
Tumurun madyaning sedhang
Jamas, reresik tan emut ing wanci
Kamanungsa si Tarub
Segering tirta sedhang dadya panjanging yuswa
Siaba bombong kula nyumurupi
Sesami titahing Gusti anjagi lestari
Punapa mboten rumaos
Punapa sampun wuta tyasira
Kutu-kutu walang ataga sami sun cawisi
Kantho lelahanan tanpa nyulihi
Ngantos telas tan nyisa kula legawa
Ananging geneya ?
Kori kula kasumpet aspal
Beton, ngantos nduwa amergi kula
Kados pundi punika Gusti ?
Nyingkur kawula, Gusti…
Sok sintena ingkang mireng pisambat kawula
Keparenga paring marga
Satemah mboten namung kabuncang mupro
Kepara ndamel kangsaran dumateng manungsa
Kula kapan dados sendhang tirta panggesangan
Wignya Raharja
KLUWUNG
Ora katon garising kikismu
Nadyan wilangane tinemu
Oncating citramu, ambabar banyu
Tuhu agung kersane Gusti
Riris…grimis endah dinulu
Agawe menebing lebu
Mahanani segering banyu
Ora geseh, eseme anuju prana
Tansah gawe brantaning driya
Ora kapiyarsa wuwuse wacana
Rinengga endahing solah bawa
Andelidir ponang kintaka
Binarung kidung asmara
Iba mulyo raharjo, rasaku
Datan ana kang ngreridu
Rinonce kehing wanodya yu
Andum prasetyo tuhu
Woh aren…asung pepaling
Endhahing citramu, boya sumandhing
Ora beda ngendikaning biyung
Sliramu…andha widhodari… ya kluwung
Soewardi Baroto Martono
ENDAHE ALAM
Yen mandheng alam iki…
Pikiran susah dadi indah
Anggugah semangat urip kangge jiwa iki
Atipun dadi sumringah lan bungah
Yen ndeleng uwit ijo royo-royo
Awujud ciptaan kang kuasa
Lan kesucian sinar surya
Kanggo padhange dunyo iki
Puji syukur matur ten Gusti Allah
Marang keindahan isine ing bumi iki
Sing kudu dijaga lan dilestarine
Tanpa ngilangake keindahane
Arvie Diah Pratiwi
Geguritan Bahasa Jawa Tema Budi Pekerti
KORUPSI
Abang putih kajunjung dhuwur ing langit pertiwi
Wujud getih lan balung para pejuang
Apa kowe isek eling ?
Cucur kringet luh kang wes kebacut dadi tumbal
Tumbal marang buwana kangge kemerdekaan
Saiki apa ?
Kowe ngapusi, kowe korupsi
Cangkemmu ombo kebak arta
Raimu gedhek, ora nduweni isin
Dijak rembug malah kepara angler
Rakyatmu kuru, kowe lemu
Rakyatmu mlarat, duitmu sak arat-arat
Sing makmur sapa ?
Kowe lan kanca-kancamu
Sing tumindhak ala marang rakyatmu
Mula, ayo brantar korupsi
Ayo padha gumregah
Mbangun bangsa Indonesia kang sumringah
Bangsa kang apik ing budi lan tutur
Bangsa kang makmur lan sejahtera
Dening Kharisma L.W
BEGAL
Begal…
Wong liyo nyebut brandal
Saben dina ngasah gaman nganggo ungkal
Kanggo nodhong njero terminal
Begal…
Pinter ngolek akal
Sapa wae bakal didadekake tumbal
Begal uteke wes mirip kadhal
Yen kecekel dulangen sandal
Begal saiki…
Luwih tega ngelarani
Nggawa pistul nembak wong nganti mati
Nggawe gregetan para polisi
Begal di brantas ana ngendi-endi
Ketemon ngerampas di tembak mati
Begal saiki wes kebangetan
Wes kerep nggawa korban
Dunyo brana asil rampokan
Haram hukume yen dipangan
Bakal nampa siksaning neraka jahanam
Iswahyudi
URIPE MANUNGSA
Iki ana cerita
Kados uripe manungsa
Ingkang rekoso
Amergi kakean dosa
Ora gelem nindake dawuhe agama
Geleme mung nyusahaje wong tuwa
Ora iso nyukuri sing di paringi kale pencipta
Isohe malingi duite tengga
Geguritan Bahasa Jawa Tema Cinta
KAPANG
Menawa rasa matine ati
Mesti jiwa tansah kapang
Umpama ati kapenjara asmara
Apa bisa jiwa ngapusi
Menawa saperangan ati ngantu- antu
Mesti separo liyane ngenteni
Umpamane setengah ati tansah “han” jaga
Bisa ora saperangan liyane nglaleake
Menawa ati tiba sengsara
Mesti jiwa luwih lara
Pujaning atiku…
Apa sing bisa tak tindakake
Aku mung wanita sing kakungkung geni asmara
Wanita sing atine wis kadusta
Apa sing dipengine saliyane pengin cepet ketemu kelawan sing ndusta ati
Sing pada-padane laksana kidung swarga sing ngalun-alun ing karnaku
Sing nggawe kentir kapal jiwaku ing tengahing samudra rasa sing tan winates
Anonim
AKU DUWEKMU WENGI IKI
Lumakuku kaya ngawang
Ngawang-ngawang nggayuh lintang
Mecaki dalan kasusahan
Apa sejatine ?
Kang ngganjeln ing njero manahmu ?
Tegese luh kang tumetes ing pipimu
Nglebur nyawiji ing swasana
Kang sejatine durung bisa ngawe aku lan sliramu
Mesem bebarengan
Crita marang aku
Senajan ora mesti bisa mungkasi
Lilakna aku andu dunyomu
Kang kebak dening kaendahan
Sing durung kasunyatan
Aku duwekmu wengi iki
Iki ragaku
Iki sukmamu
Aku lila disiksa
Nganti ora ana sisa
Isnaini D Pramusinta
NGREKSA RASA, NGREKSA TRESNA
Rong puluh tahun wes lumaku
Tansah ndak simpen rapet jroning kalbuku
Ora isa luntur denig lumakuning wektu
Amarga iku tulisan-tulisan Gusti kang kudu dilakoni
Ora isa ilang esem manismu
Ora bakal musna sorot netramu
Pra dak selaki aku nate nyimpen rasa
Kang nate nancep mring kalbuku
Endahing crita kawuri tansah dados memori
Rina trus lumaku nyedekki ratri
Baskara meh angslup gumanti candra
TANDHA KATRESNAN KU
Wiwit kok tulisake tresna iku
Manuk-manuk kepodah padha geguyonan
Ing pang-pang godhonge waru
Ijo enom lelagone langit biru
Srengenge isuk kang mlethek ing ati sumunar
Martakake dino bakal ora kemendungan
Wiwit kok kandakkake tresna iku
Liwat kali ndak kinthirake perau godhong pring
Amrih bisa lelayaran aneng segaranining atimu
Ape playon langit ing pucuking alun
Banjur tak tunggu tekane ngawa warta
Wiwit kok kidhungake tresna iku
Apa aku kudu lumaku sakdhuwure angin lan segoro
Njupuk kembang srengenge kang mletek
Banjur ndak slempitake ing kupingmu
Kareben nambahi brantaning ati
Sanjerone ati iki, yayi…
Ana panandhang, sekirane mung kowe kang bisa mangerteni
Liwat getering angin kang sumilir
Sadawaning laku lan sepi tak critakake
Yen to….semengko bakal nyawiji
Arya Esa Mahadewa
JODOHKU
Sliramu sing saiki tak tresnani
Apa ya sliramu….. ?
Sing arep ngerteni aku saklawase
Apa ya sliramu…. ?
Sing arep njogo aku saklawase
Apa ya sliramu… ?
Sing arep nuntun aku marang dalan kang becik
Apa ya sliramu….?
Sing arep melu ngerasakake bungah lan resahku
Apa ya sliramu…?
Sing sesuk arep dari kanca uripku
Duh Gusti
Paringi pitedah kangge aku
Apa iyo iki jodohku?
Zahrotun Nurul Fatmi
Geguritan Bahasa Jawa Tema Pahlawan
PAHLAWANKU
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram Ibu Pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Muga Gusti paringi angraha
Semono gedene bektimu
Jiwa raga, bandha dunyo
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdeka
Tantiningsih
RA KARTINI
Kartini….
Sapa kang ora kenal kale panjenengan
Pahlawan kang mbela kaum wanita
Pahlawan berjuang nentang paugeran walanda
Kartini….
Senajan tinitih dadi priyayi
Nduweni trah bangsawan
Kartini mbela emansipasi wanita
Mbela rakyat jelanta
Kartini…
Wulan April iki dadi seksi
Lelabuhanmu kang misuwur tumrap Bangsa Indonesia
Habis gelap terbitlah terang
Dadi bukti masa perjuangan
Kota Jepara dadi papan panggonan ngukir sejarah wanita
Kartini….
Amargi jasamu
Wanita Eropa lan wanita Pribumi
Dadi nduweni hak kang podo
Nduweni hak pikantuk pendidikan
KI HAJAR DEWANTARA
Ing adheme hawa Walanda
Sira panggah netepi setya
Nyawiji ing ngilmu
Nyerat ing saben-saben waktu
Nalikane ati krasa
Krungu swara jerite sedulur
Ing lemah Pertiwi
Sira gumegrah greget
Bali ing desa mijilmu
Nusantara
Suwardi Suryaningrat
Kondang kanti asma Ki Hajar Dewantara
Putra kraton kang sugih bando brana
Milih dadi satriya lelana
Manunggal sajroning rakyat jelanta
Gugur dados pahlawan Negara
Minangka Bapak Pendidikan Bangsa
Geguritan Bahasa Jawa Tema Guru
GURUKU
Wingi nalikane sikil iki
Tumapak sakdhuwure bumi
Durung paja-paja ngerti ha, na, car, ra, ka, da, ta
Alip, ba’, ta’ tsa’, apa dene good morning teacher
Lumakuning srengenge wes ganti
Panyawangku dadi padhang
Terawangan
Rasaku sangsaya….
Ora bisa ndakgambarake
Sih tresnamu nabet njanget
Sajroning atiku
Lamun tanpo penjenengan
Bisa opo aku nepaki bumi iki… ?
Leladimu marang aku
Ora timbang karo pawelasku
Bu Guru, Pak Guru
Jangkahku isek adoh
Uripku isek nyamut-nyamut
Setitik setetes, embun esuk
Iku wes cukup
Tinimbang banyu sakkendhi
Marakake ati mati
Lepasen lakuku
Lilakno labuh labetmu
Dakumbare gagasanku
Sedyaku kasembadan
Dungo pangestumu
Nuntun marganing sedyaku
Sutapa W.R
SERTIFIKASI GURU
Sertifikasi Guru
Kabeng wong wes padha krungu
Apa maneh ana kalangan Guru
Ananging… kanthi sertifikasi Guru mau
Apa bocah-bocah banjur mituhui
Ora wani karo Guru
Mugiya kanthi sertifikasi iki
Para siswa tambah bekti
Sinau ana sekolah kang mligi
Mantep, karep sakjroning ati
Kanthi sertifikasi Guru iki
Para Guru ana kang daftar haji
Ugah akeh kang tuku mersi
Ananging kang utomo
Kanthi sertifikasi guru iki
Para siswa tambah prestasi
Lan bekti marang Ibu Pertiwi
Lan marang kang ngawe uripe Pati
Aris Irianti
Geguritan Bahasa Jawa Tema Harapan
NGLANGUT KEBAK PANGANEN
Wes ora ana srengenge
Rupa lan ngada wes beda
Kaedahan mau esuk wes sirna
Polahe wong podho makarya
Polahe wong podho nyuwara
Wes ora ana
Wes ora ana krenteg apa-apa
Mung ngenteni rasa ngantuk
Nganti kroso dicokot nyamuk
Batin iki nglangut
Adoh parane pikir
Nganti tumus anylesing rasa atis
Isi wae ora ono rasa opo-opo
Mung ora ono candhik olo
Tumusa becik, aku pancen temen
Pingin urip kang mulyo
Dadya duta sambada aruming asma keluarga
Lulus kuliah bisa cepet diparingi papan makarya
Nadyan mesti digadang ndang omah-omah
Aku pasrah
Nglangutku dadya berkah
DRA. Endang Listiyani, M.Pd
Geguritan Bahasa Jawa Tema Bencana Alam
TSUNAMI
Banyu laut kang maune antheng glinteng kaya bayi turu angler kepati
Esuk kang padhang njingglang tanpa mendung…putih suci
Nuduhaje marang manungsa kabeh sektine Gusti
Cahyane bagaskara padang nyinari bumi pertiwi
Angkasa kang bawera dumadakan peteng nglimeng
Netesi bumi pertiwi kanti luhe kang tumetes
Angkasa dadi peteng lan bumi horeg
Alam sakupeng ngamuk ngegirisi
Laut muntab tanpa kabendung
Alon-alon samubrang kauntal, kauncalaken dening banyu bah saka laut
Manungso kocar-kacir tunggang langgang, ngolek selamet
Geguritan Bahasa Jawa Tema Kemanusiaan
SABTU BERSIH
Dina sabtu ing wanci enjing
Suasono tasik katon remeng
Katambah kluruk pitik kang gayeng
Katon siswa SMP kang nggrengseng
Wanci sekolah miwiti pasinaon
Katah siswa kang sami pitakon
Sabtu enjing kagem lingkungan kemawon
Kerja bakti resek pasinaon
Namung tekat saiyek saeka kapti
Nyambut gawe bareng kanti senengen ati
Tansah sehat kang diupadi
Lingkungan sekolah kang tetep asri…
RUMANGSAKU
Rumangsaku kabeh uwong mesti
Kudu ngerti benere dewe
Amung luput salahe
Kang tumibo janma liyo
Pada anggega kersane pribadi
Ngugung njuga luntaking angkara
Yen kepagol asesanti
Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
Singo lena nemahi pralaya
Katon wewetahan ujaring kanda
Napsu angdhaton ing ati
Rasul lan malaikat ora kasat moto
Banjur buteng mbregundul ora ngerti
Anggering tata suba sita lan agama
Nek atine kagol kepantong liyan
Embuh ora ngerti eling
Tutur muni saujar dadi ganjelaning ati
Ora peduli embuh salahe
Ananging rumangsaku luwih enteng mayang ing ati
Dados luber ajur mung kadi maruto
Ganjelaning ati kaanggep sesendhon
Tinambahan eling marang
Lajer kang tinandur Gusti
Kanti mangesti sesanti aku kabeh kalepotan luput
Roewandi
Geguritan Bahasa Jawa Singkat
SLIRAMU
Sinawang saka netramu
Ana roso kang kebak pitakonan
Yagene sliro musnah sajroning werdi
Rinasa ing sajroning tyas
Ana rasa wuyung kang tansah ngrembuyung
Tanpo kuwawa bisa antuk jampi
WIJI
Trubus kang ginadhang
Isih dadi antep bombonging tekat
Nora ruruh senajan sinenggut
Mosak-masiking sindhung riwut
Trisatya dadya mustikaning ubaya
Keket ginegem tan samar pamora
Praja mudho karana
Sayekti…
ING TENGAH WENGI
Yen ing tengah wengi
Hana angin kang semlimer
Mandheng bulan purnama sidhi
Ati tan saya ayem
Kelingan kanikmatan gusti
Seng tanpa wates paring kawelas asing marang makhluk
Sembang ipun amung pasrah..
Geguritan Katresnan
ASMORO KANG SINANDING
Ing njerone ati iki ono kangen
Kangen kang sumimpen
Yo mung sliramu kang tansah ngeriduhi
Rina alawan dalu
Katresnan iki mung bisa tak rasakne
Nanging ora bisa sun ketokne
Tak simpen ing pojoking ati
Nganti tumeko titi wanci
Asmoro iki mung kanggomu
Mugo ing tembe bisa nyawiji
Dadi siji nganti kaki nini
Kanti antuk berkahing yang Widhi…
ING PUCUKING KANGENKU
Pasuryanmu
Isih ana ing wektuku
Kang nyisake abu-abuning karep
Ngluwihi isi njeroning mustakaku
Sliramu tanpa rasa peparingan esem
Sing ngiket ing pangangen otakku
Wes nate ndak coba ngumbah ati
Kanti sakehing warna-warna panguripan
Supaya jiwaku tetep anteng
Lan tentrem kebak nur cahayaning pepadhang
Duh. Niman pepujanku
Sumingkira sak telenge kalbuku
Sliramu wes lumebu
Ing pucuking kebagian lan braimu
Tinggalen aku ing kene
Kangge ngetung saben waktu napasku
Tumekane sore kang ana
Lan kamar-kamar sing ndak gawe
Kangge ngelakoni uripku
Wes ben ambruk, tanpa guno
Nganti sliramu mangerteni jisimku
Jang kagubel ing pangarep kang semu…
Geguritan Bahasa Jawa Tema Gagrak Anyar
Daksebar kembang mlati
Ing taman makam pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejatine
Luhku tumetes…tes…. netesi bumi
Aku rumongso duso
Durung bisa melu labuh Negara
Amung sekar mlati iki
Tanda setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dino mulyo lan suci
Widiyati
Geguritan Bahasa Jawa Tema Gagrak Lawas
Sung nggeguriti
Kahanan arek zaman saiki
Sipat pemuda-pemudi
Srawunge saya nandi-nandi
Raket wewekane sepi
Tan kadi zaman nguni
Srawunge sarwa nganti-ati
Yen manut wasiteng tama
Priya srawung lan wanita
Gampang kena panggoda setan
Nerakl ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wusananing tibeng papa
Geguritan Bahasa Jawa Tema Sosial
Dumadaan gelungan blangkonku takucili
Kerisku tak tarik nganti aku dewe blereng ndelokke
Rasane dinten niki kulo pingin nesu tenanan
Mripatku mentelengi siji-siji kanti panasing ati
Mboten enten seng wani mandeng aku
Rasa jroning atikul mobal-bobal kantun geni kang panas mari disumet
Bul……suarane nggebung ati
Astaku nggegem roso-roso pingin ngantem tembok kang gede ngantos ambrol
Wesi-wesi taklumat tak bengkokne…
Cagak-cagak koyok tak uncalne pating awang-awang…
Cara Mudah Membuat Geguritan Bahasa Jawa
Di dalam membuat geguritan atau sebuah puisi yang berhasa Jawa memanglah tidaklah begitu mudah, tetapi juga tidak begitu sulit.
Semua itu bisa dilalui asal harus bersungguh-sungguh dan selalu semangat dalam belajar. Di dalam membuat sebuah puisi itu bermain dalam banyak keindahan dan kosataka.
Bahasa Jawa mempunyai banyak persamaan kata, yang disebut dengan dasanama jadi kalian bisa mempunyai kata yang tepat untuk membuat geguritan. Dasanama adalah kumpulan sinonim per kata yang artinya adalah makna yang sama.
Berikut ini beberapa tips untuk membuat geguritan Bahasa Jawa yang benar dan baik :
- Supaya bahasa bisa indah, haruslah jujur di dalam berbahasa Jawa dan bisa meluapkan isi hatinya.
- Menyiapkan kamus untuk memilih persamaan di dalam Bahasa Jawa.
- Contoh geguritan Bahasa Jawa yang baik dan bagus bisa masuk ke relung hati dan berkesan hingga membayang-bayangi pikiran.
- Di dalam menulis sebuah geguritan yang bisa mengena dalam hati para pendengar atau pembaca, bisa dilakukan dengan mengibaratkan seperti menembak.
- Memerlukan wawasan yang luas, penguasaan lapang dan penghayatan yang sangat mendalam.
- Perlu juga penegasan kata. maksudnya ialah pada setiap kalimat harus menjelaskan suasana dan kondisi yang sebenar-benarnya.
- Membuat geguritan Bahasa Jawa dengan mendengarkan pembacaan dim media buku Bahasa Jawa. Hal ini karena secara tidak langsung belajar ritme, kaya akan kosakata, nada membaca, dan belajar menjadi pembaca.
- Menggunakan kata-kata yang wibawa dan bisa kalian tambahkan di judulnya misalkan sumpahku, ngulandara, sumpahmu, kumpuling balung pisan lan anteping.
- Sehingga secara tidak langsung, suara bisa enak untuk di dengar karena sering mendengarkan patokan para penggurit yang sudah profesional.
Demikian beberapa contoh dari geguritan bahasa jawa yang bisa ditulis dan bisa disampaikan di sebuah website ini. Apabila ada kesalah katah atau tulisan, mohon untuk di maafkan. Semoga artikel ini bisa bermanfaat bagi kita semuanya