Geguritan Tema Guru – kali ini, kita akan membahasa tentang geguritan yang berjudul Guru. Pada artikel sebelumnya sudah membahasa berbagai macam geguritan Bahasa Jawa yang berbagai tema dan masih bnyak lagi contoh-contoh geguritan yang sudah di pelajari di artikel sebelumnya.
Ada banyak contoh geguritan seperti geguritan yang bertema Guru, Ibu, Pahlawan, Lingkungan, Sahabat dan masih banyak lagi.
Berikut ini ada beberapa contoh mengenai geguritan yang bertema Guru yang bisa dijadikan bahan belajar dan menambah ilmu pengetahuan kita.
Daftar Isi
Geguritan Tema Guruku
Guruku….
Njenengan ingkang mbimbing lan ndidik kulo
Sangking seneng mboten ngertos dados ngertos
Ingkang mboten saget dados saget
Nasehate panjenengan ingkang kulo ilingi.
Matur suwon Guru…
Panjenengan Pahlawan kang ning uripku
Aku mboten saget mbales jasane panjenengan..
Aku mung saget ndedungo marang Gusti Allah…
Geguritan Tema Guru 1
Guruku Perjuanganku
Guru…
Mung sliramu kang dadi pepujan
Paring ilmu kang mboten nyawang waktu
Aku ora bakal lali marang sedanten jasamu
Guru…
Suaramu tansah ndak elingi
Pituturmu ora bakal lali
Ndadekne aku manungso kang migunani
Guru…
Wayang esuk sliramu teka…
Panase srengenge ora ndadekne sungkawa
Esem lan dungo ndadekne aku ngerti ndunyo
Guru…
Kesele ragamu kang ora dirasa
Laraning atimu tansah ditompo
Ananging sliramu tetep sareh ugo prasaja
Duh Guru…
Guruku ditiru, ora ditinggal turu
Guruku digugu, ora banjur diguyu
He ngertio…
Ditiru solah bawane, lan digugu pitutur becike
Ananging kasunyatane ?
Aku kelingan pituture poro pujangga
Ing ngeroso sung tuladha
Ing madya mangun karsa, lan…
Tut Wuri Handayani
Mugi Guru pinaringan berkah Gusti Allah kang murbeng dumadi
Guruku Pepujanku…..
Ora ono piwales kang ngenteni
Kabeh niku wujude iklas neng atine
Aku biso matur, gungin panuwun kangge dwija sejati.
Baca Juga : Paribahasa Jawa
Geguritan Tema Guru 2
Sliramu tansah digugu lan ditiru
Marang kabeh muridmu
Atimu ora tahu nesu
Senajan aku tansah keleru
Rupamu kang nyenengne ati
Pocapanmu kang ngademne ati
Tansah gemi nastiti, ngati-ati
Menehi eluhmu kanti teliti
Ora tau ngeroso suntuk
Anggonmu mulang wuruk
Supoyo muridmu ora ketubruk
Dadi wonng pinter
Lan ora oleh keblinger
Senajan kauripan nggadang nantang
Ananging tetep maju perang
Lan biso gayeng uripe
Ngerasakne zaman emase
Saka rekasane ing zaman mbiyene.
Sertifikasi Guru
Sertifikasi Guru…
Kabeh wong wes podo krungu
Apa maneh ono kalangan Guru
Nanging kanti sertifikasi Guru mau.
Apa bocah-bocah banjur mituhu
Ora wani karo Guru
Mugio kanti sertifikasi iki
Para siswa tambah bakti.
Sinau ono sekolah kang mligi
Mantep, karep sajeroning ati
Kanti sertifikasi Guru iki
Para Guru ono kang daftra haji.
Ugo akeh kang tuku mersi
Ananging kang utama
Kanti sertifikasi Guru iki
Para siswa tambah prestasi
Lan bekti marang Ibu Pertiwi
Lan marang kang ngawe uripe pati…
Karya : Aris Irianti
Guru Dalan Uripku
Nora ngiro, nora ngimpi….
Gusti gawe lakuku saiki
Dados ngabdining bumi pertiwi
Nggawe landepe pikiring poro siwining Negeri.
Kudu bisa digugu lan ditiru
Digugu pocapanku
Ditiru tumindakku
Supoyo ora nggawe nacad jenenge Guru.
Nadyan kolo-kolo abang kuping iki…
Mergo tumindaking siwi..
Ndaktampa kanti lilaning ati…
Aja nganti sepi ing kawaruh
Ojo pisan-pisan pikirane landep dengkul
Cancut taliwanda
Adus kringet aku lilo
Adol suwara lan ngelmu kangge majuning Negara
Baca Juga : Geguritan Bahasa Jawa
Contoh Geguritan Tema Guru 1
Guruku Ibaratae Banyu Langit
Ibarate banyu laut….
Senajan diombe wong akeh, ora bakal entek
Ibarate srengenge..
Cahayamu ora bisa bakal entek
Senajan digawe nguncal wog sak ndunyo
Ono polisi, onok dokter lan ono dosen
Sopo sing ngajari… ?
Ana kyai, ono tentara, lan ono insinyur
Sopo sing ngajari…. ?
Kabeh mau jasane Guru
Kabeh iso nulis, iso moco lan iso pinter
Amergi jasane Guru.
Karo sopo…
Aku biso balas budi marang panjenengan
Rasanae ora ono
Sing nyonggo utang iki.
Contoh Geguritan Tema Guru 2
Wingi nalikane sikil iki
Tumpak sak nduwure bumi
Durung paja-paja ngerti ha, na, ca, ra, ka, da, ta
Alip, ba’, ta’ , tsa’ , opo dene good morning teacher…
Lumakuning srengenge wes ganti
Panyawangku dadi padang
Trawangan…
Rasaku sangsaya…..
Ora bisa dakgambarake
Sing tresnamu nabet njanget
Sajeroning atiku
Lamung tanpo panjenengan
Biso opo aku nepaki bumi iki.. ?
Leladimu marang aku…
Ora timbang karo piwalesanku
Bu Guru… Pak Guru….
Jangkahku isih adoh
Uripku isih nyamut-nyamut
Setitik, setetes embun esuk
Iki wes cukup
Timbang banyu sak kendi
Marakake ati mati
Lepasen lakuku
Ndak umbare gagasanku
Sedyaku kasembadan
Dungo pangestumu
Nuntun marganing sedyaku
Contoh Geguritan Tema Guru 3
Panjenengan sampun ndadekake kulo pinter
Panjenengan kados sabar ngajari kulo
Panjenengan sampun nyukani contoh kang apik
Guru…. kulo nyuwun pangapuro
Kang sekalahanku kang nggawe njenengan dados susah
Matur nuwun Guruku….
Geguritan Tema Guruku
Berikut ini adalah contoh dari geguritan Bahasa Jawa yang bertema Guru Pahlawanku, karya dari Bearotun.
Guruku Pahlawanku
Pribadimu kebak tuladha…
Ageman, dhahar, lan solahbawa
Kabeh sarwa prasaja
Ora neko-neko
Ora werno-werno
Jam pitu wes aweh tandha
Tandha yen wiwit makarya para dwija adol swara
Swara-swara kang ngumandangake keprigelan, kebecikan lan kawasisan
Minangka damar kangge ngayahi mayang bebrayan
Panjenengan pancen tlaten
Pakaryamu kebak kawigetan
Pantes kinakbeten
Nadya dudu putramu aku
Kok gulawentah tanpo ngetung wayah
Kok ngelati kanti gemati
Datan lali panjenengan paringi wanti-wanti
Kangge urip kang biso mulyo mukti
Aku mung biso nyuwun marang Gusti
Piwalesan ingkang tanpa umpami
Karaharja kawadidan katentreman
Mugo tansah pinaringan
Guruku……Pahlawanku….
Baca Juga : Geguritan Bahasa Jawa Tema Sahabat
Contoh Geguritan Tema Guru 4
Guruku Kesenenganku
Guru….
Panjenengan mulang kulo kang kanti sabar
Ananging kulo ndamel gelo marang njenengan
Kepripun carane mbales jasa panjenengan, Guru….
Tanpo Guru kulo mboten saget nuntut ilmu
Sebab ilmu niku penting sanget ing dateng kulo
Lan ilmu niku kangge kulo
Tanpo Guru, kulo mboten saget bahagia
Guru…..
Kepripun carane supados kulo saget mbales jasa panjenengan
Sungguh, tanpo Guru kulo mboten saget bahagia…
Contoh Geguritan Tema Guru 5
Pamulangan
Jare simbah aku kudu sekolah
Kareben dados bocah kang genah mrenah lan ora nggladrah
Jarene rama ibu aku kudu sregep mangkat
Kareben dados wong pangkat urip ora kesrakat mlarat
Jarene bapak lan ibu Guru aku kudu sinau
Tambah ilmu…
Kareben kelakon kabeh kang tinuju
Ananging
Prakanca…
Coba delengen kahanan kang nyata
Apa isi bisa pamulangan kang ana ndadekake urip tumata
Pamulangan kang tanpa tuladha
Pamulangan kang kasatan piwulang
Pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta
Siji lan siji ono piro…. ?
Jare anut kang nduweni kerso
Jan ora weruh trapsila, subasita, apa maneh tata krama
Lali dosa….
Kabeh lurung binarung kumalungkung
Pamrih pamuji siji…
Pamulangan ora aweh pepadang…
Simbah…
Nyuwun pangapunten
Kulo mboten kepingin dados dokter
Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper
Rama….
Nyadong duka
Kulo mboten kapilut drajat pangkat
Jalaran ajrih sumpahing rakyat
Kang panggah melarat sekarat
Bapak ibu Guru….
Nyuwun dungo pangestu
Mugi-mugi sedanten ilmu saged dados sangu…
Contoh Geguritan Tema Guru 3 Bait
Guru Tercinta
Guru….
Engkaulah harapanku
Engkau yang mendidik kami
Aku berterima kasih kepadamu ibu Guru.
Guru….
Hampir setiap hari kita bertemu
Kita bertemu disekolah
Disekolah kami mencari ilmu dengan mu Guru.
Guru…
Kau selalu disisiku
Kalau kita berpisah aku rela
Aku menyayangimu Guru…
Demikian artikel ini, mudah-mudahan artikel ini bisa bermanfaat bagi kita semua, apabila ada kesalahan kata mohon untuk di maafkan.