Geguritan Tema Ibu – Ibu merupakan orang yang sangatlah berperan yang sangat penting di dalam hidup kita, dia yang berjuang tanpa mengenal lelah, hingga di abadikan di dalam Al-Quran. Kita sebagai seorang anak sudah sepantasnya untuk berbakti kepada kedua orang tua.
Kita bisa mengabdikan jasa orang tua dengan cara menggunakan kata-kata yang dalam bentuk puisi, sebagaimana yang bisa kita pelajari pada artikel ini.
Daftar Isi
Geguritan Ibu Pahlawanku
Tresna ibu ora kaganteaken
Pengorbanan kang tanpo wates
Ora biso winales
Ibu…. Pahlawan uripku
Dungo ibu kang tulus lan suci ngiringi awakku,
Pangorbanan tanpo pamrih lan ora kepedot
Kairingan lakone waktu
Pitutur kang ngajari baktiku nyimaake
Sedanten asihmu ora bakal puput
Ibu Pahlawanku, gonga pujiku kangge ibu….
Geguritan Ibu Kebanggaanku
Ibu….
Pangorbananmu kaya bumi pertiwi,,
Nadyan dipiloro, dipaculi malah nukulake wiji
Kangge panguripane sagung dumadi
Kanti sabar anggonmu angreksa
Nggembol sangangsasi sepuluh dino
Kabeh lakon kabeh lelaro ora dirasa
Ibu…..
Asihmu kaya gebtare lintang ing angkasa
Ngawe endah kahanan dunyo
Lumunturing tresnamu kaya aluning samudra
Sambung sumambung tanpo kendat
Anggonmu ngengulang marang putra
Dungomu tansah lumitu anggiring kabeh geguyahanku
Ibu….
Welasmu koyo sorote condrop ing wanci dalu
Tansah paring obor engkang pepeteng
Nalikane anakmu susah ora kendat paring pitedah
Nalikane anakmu luput tansah maring pangenut
Kareben uripku ora kalang kabut…
Ibu…..
Sewu atur ora bakal cukup
Bondo ndunyo ora bakal nutup
Kangge nganteni katresnananmu
Amung esemmu kang bisa ngawe padang atiku
Geguritan Anggerku
Ngger biyung nyuwun pangapura
Ora bisa dadi biyung kang sampurno
Ora bisa nglegakne atimu..
Ngger…
Uripku kebak kaluputan
Ngiwo luput, nengen nggih luput
Rumongsoku aku wes manut
Bangun turut karo sing jarene winasis
Ananging nyatane isih tetep luput lan diluputne…
Loro atine biyung, nggih..
Kapingin cerita wae
Ora enek sing gelem krungu
Opo male sambat, mung arep digeguyu..
Kabeh wes ora percoyo karo biyong…
Sedanten iki nyatane ngapusi
Ananging biyung isih tetep percaya, ngger…
Mung siji sing ora bakal iso ngapusi..
Yaiku Gusti Kang Maha Agung…
Geguritan Tema Ibu
Ibu…
Anakmu kang ndak wanti-wanti
Kang ndak kawatirake
Kang kok titipake ono pawiyatan luhur iki..
Iki anakmu..
Kang durung iso nyenengne ibu
Kang durung iso nyenengne keluarga
Kang isih dados tanggunganmu….
Ananging ibu….
Anakmu iki bakal banggakne ibu
Banggakne keluarga kabeh..
Anakmu ora bakal nyerah bu..
Kagem nyekel lintang ono ing langit
Kang kadang ditutup mendung
Kang kadang mripat wae wes ora biso weruh
Ananging anakmu iki janji ibu…
Pamit Ibu
Ibu…
Kulo nyuwun sangu…
Sangu dungo sanes jopo montro
Ugo sanes sangu arto..
Ibu…
Kulo nuwun pangestu
Mugi mboten wonten godhong rencana
Nyerimpeti langkah kula…
Kulo atur panuwun
Pangestu lan pandungo kulo tompo
Minangka kageman gayuh kamulyaan..
Baca Juga : Peribahasa Jawa
Doa Ibu
Tresna asih ibu..
Kesabaran ibu kang kebak wutuh
Ora biso ndak tak lalekke..
Doa ibu kang tulus
Tansah ngiringi awakkmu
Pengorbanan kang tanpo wates
Ora biso winales
Ibu…
Pituturmu bakal nadak rungu
Tresno asihmu marang aku
Ora bakal puput
Pandungoku ibu….
Mugi Gusti Allah tansah nyembadani
Ibuku 1
Ibuku…
Panjenengan kang ngelahiraken kulo
Ngeramut aku
Tekan cilik nganti saiki
Ibu…
Senadyan ta aku nakal
Jiwamu tetep sabar
Lan sayang marang aku
Ibu….
Sayangmu ora ono tandingane
Ora kenek dilalahno…
Ibuku 2
Ibu…
Saknjeroni esemanmu enek keselmu
Rino wengi kerjo, tanpo roso lesu
Tansah kuat lan tanpo sambat
Mung kanggo aku…
Ibu….
Tetep sabar ngadepi ndhablekke awakku
Tetep nyepurani salah polahku
Ngobati naliko aku klara
Nyemangati naliko aku tanpa daya…
Ibu sepurane ingkang katah
Aku amung biso ndungo
Mugi Gusti tansah ngelindungi
Maringi kawerasan lan rezeki…
Ibu 1
Ibu, sihmu kadya sumunaring bagaskara ingkang madangi jagad raya..
Katresnanmu kadya jembaring segoro tan biso diukur kanti ukoro
Ibu, senajan sang Putra Asring ngelarani panggalih
Ananging katresnanan ndiko ora ngalih
Ibu, senajan sang Putra Asring ngawe kuciwa
Ananging ndiko tansah paringi apura
Ibu, pangendikan ndika ngemu pitutur luhur
Kadyo lintang, rembulan ngawe endahing wengi
Tansah paring pepadhang margi lampah kang putra…
Ibu, senajan abot ing sesanggan ananging ora sambat
Senajan nemahi rekoso ananging tan ono iluh ing netro
Ibu, namung dungo ingkang saget kang putra puji
Mugi Gusti paringi kesarasan lan panjang yoswone
Pinaringan kecakapan lan gesang minulyo
Kangge putro mboten saget caos piwelas dumateng ibu
Awit tapaking samparan ibu suwargo kang putra…
Ibu 2
Ibu….
Lumintiring asihmu, kadya cahaya lintang ingkang angkasa, gumebyar ngawe padang ing tyasmu…
Tan kendat pudyamu, pepujimu kangge aku..
Lir pradipta rumeksa ing wengi, rinenggo ing rembulan
Ibu….
Kang kinasih…sih kawelasanmu nyiroake sedoyo luputku marang laku kadarman kang pinerak..
Ibu…
Sewu atur ora bakal cukup, bondo dunyo ora bakal nutup katrenananmu marang aku..
Ibu….
Aku bakal sregep lelaku, ngudi laku utomo, nyebar tresna marang sepadha, kangge esemmu kang ngebakti kalbu…
Geguritan Ibu
Bapak Biyungku
Urip…
Oramung sadermo ngelakoni
Ananging kudu tetep mbudidaya
Senajan rumaket ing wengine badeg
Tanpo kapetung ing nyawa
Mung supoyo bocah-bocah cukup
Songko meltheking surya
Jumangkah suku kanti tatag
Luake ing sakdawane dalan
Tumeko lingsire bagaskara
Tan rinasa lungkrahe raga..
Tan ginawa..
Tumurune kringet lan waspodo..
Budidaya ing pangupayan
Nyukupi butoh putra lan putrine
Najan tha..
Ameng-ameng ing bebayan
Abote
Kasangga
Rekasane dirasakne dewe
Mung kangge bunga putra..
Ing gegambaran wewayangane
Bisa meruhi kekudangane ati
Mbesuke mukti tibo mburine
Senajan piyambake ora biso melu ngerasakke
Bapak…
Biyung….
Matur nuwun…
Sing biso ndak aturake
Ing ukoroku ing rinakit iki…
Sepurane Ibu
Nalika…
Nalika aku nyebut asmamu
Gumeteran kabeh awakku
Ngelingi wak rentanmu
Ibu…
Pangapurane anakmu iki
Ninggalne panjenengan tebih ing mriki
Ing lemah rantau luar Negri…
Ibu…
Tanganku niki mesti tak tengadahken
Nyuwun dupateng Gusti Pangeran
Ndamel panjenengan diapringi kesarasan
Ibu…
Nopo mawon ingkang kuhadiahken
Mboten pernah sepadan
Kalih nopo ingkang panjenengan paringaken…
Ibu…
Mboten wonten ingkang saget tak kirimken
Ndamel mbales sedoyo keapikan
Kejobo dungo dateng Gusti Pangeran
Baca Juga : Geguritan Tema Pahlawan
Geguritan Bertema Ibu
Sih Katrisnane Ibu
Ibu…
Lumunture sih..
Kegawa ing lumakune umurmu..
Tumeka ing pungkasane wektumu…
Ibu…
Sih trisnamu datan kendat ing waktu
Senajan ragamu ajur mumur
Lebur ing panandang
Kangge ngrungkebi lan mbelani aku…
Ananging
Aku tanpo nduweni salah
Wes ngawe laraning atimu
Sliramu…
Tan pegat ing sihmu
Tansah njaga aku
Kalane watuk
Adem panas ing ragaku
Sumedot rasa..
Ingkalane wengi wes tumiba ing netraku
Kang nuwuhke pangangen
Nalikane sliramu ngendong lan gudhang aku
Isih ndak rasa tumeka saiki…
Ibu…
Wenginge waspa kang lumuntur ing netra iki
Mratandha, menawa aku kangen marang esemanmu..
Marang pasuryanmu
Apa male katrisnanmu
Lan saiki
Aku amung bisa mrapagi papan paleraman
Lan nyawang watu nisan kang tinulis asmamu
Wanda-wanda dungo
Lan gatra-gatra pepujan
Ndak suwunke marang Gusti
Supaya sliramu tansah sumanding ing kasuwargan…
Contoh Geguritan Tema Ibu
Ibu Jiwaku
Ibu…
Panjenengan sing tak sayangim tak patuhi lan tak hormati..
Tanpa panjenengan ora bakalan ana aku iki…
Nang dunyo lan buwana iki..
Ibu…
Panjenengan mergawe banteng tulang
Tanpa pamrih, tanpa kesel kangge lare-laremu
Jasane panjenengan kaya keswa ora bisa diitung..
Ibu…
Panjenengan enek terus kangge aku
Tanpa rasa kesel lan rasa pamrih
Ngerungokake cerita curhatanku..
Ibu…
Kasihmu kangge lare-laremu pindah lebuh
Tapi kasihku marang panjenengan ora bakalan iso..
Amargi kasihku mung pindha gotek..
Ibu…
Panjenengan ora bakal tergantekake
Kangge sak iki lan sakteruse..
Panjenengan sak lawase enten ing pikiran lan ingatanku..
Ibu…
Meski panjenengan sampun luput ing bawana
Asmane panjenengan tak inget lan tak ukir
Ing wardayaku sak niki lan sak teruse..
Baca Juga : Geguritan Bahasa Jawa
Geguritan Tema Ibu
Emak
Emak…
Tresna asihku mak…!
Ora ono kang bisa nggatekke
Kesabaranmu kang kebak wutuh
Pandongamu Mak..!
Kang tulus tansah ngiring lakuku
Pangorbananmu kang tanpa wates, ora bisa tak bales
Tresna lan welasmu marang aku ora bakal puput..
Pangapuramu yo mak…! Pituturmu bakal tak rungu..
Pamujiku mak..! Muga Gusti nyembadani..
Kagem Ibu, sungkem kulo ingkang putro..
Pangapunten mbok bilih riyadin puniko..
Mboten saget sowan mantuk…
Demikian pembahasan artikel ini secara lengkap, apabila ada kesalahan tulisan atau kesalahan kata moho untuk dimaafkan. Mudah-mudahan artikel ini bisa bermanfaat bagi kita semuanya.