Geguritan Pahlawan – Halo sahabat Symbianplanet.net . kali ini kita akan belajar mengenai geguritan yang bertema pahlawan. Kita sebagai pemuda bangsa Negara Indonesia.
Harung mengenang jasa-jasa para Pahlawan kita, yang dimana sudah berjuang membela Negara Indonesia dan memerdekakan rakyat dan hasilnya bisa kita rasaka hingga saat ini.
Kita haru banyak bersyukur karena hidup pada masa penjajahan sudah berakhir, semoga para pahlawan Bangsa dan Agama diterima dan mendapatkan nauangan yang lebih baik lagi.
Berikut ini adalah beberapa contoh geguritan yang bertema Pahlawan yang kita bisa pelajari bersama-sama.
Daftar Isi
Geguritan Pahlawan
Pahlawan merupakan sebuah kata yang berasal dari Bahasa Sansekerta yaitu pahla-wan yang artinya adalah seorang yang di dalam dirinya menghasilkan pahlawan “hasil” yang sangat berkualitas bagi Negara, Bangsa dan Agama.
Pahlawan merupakan orang yang paling menonjol, karena pengorbanan dan keberaniannya di dalam mempertahankan Negara, yang membela sebuah kebenaran dan pejuang yang sangatlah berani.
Pahlawan Nasional yang bisa diberikan kepada para pejuang yang berjasa kepada Negara Republik Indonesia. Menurut data yang sudah ada dari Kementrian Sosial RI, hingga bulan November 2010 adalah berjumlah 149 yang dianugerahi gelar Pahlawan Nasional.
Kita yang sebagai warga Negara Indoneisa harus mengenang jasa para Pahlawan, karena dengan adanya para Pahlawan kita bisa tinggal dengan aman di Negara Indonesia tercinta ini.
Nah salah satu cara yang bisa kita lakukan adalah kita bisa menuangkan jasa-jasa para Pahlawan melalui sastra seperti puisi dan diabadikan di dalam sebuah kata-kata yang indah.
Selain para Pahlawan yang sudah memperjuangkan Negara kita, kita jarus berbakti dan mengenang semua jasa guru-guru kita, untuk mengenang kita juga bisa menuangkan di dalam sebuah geguritan yang bertema Guru.
Geguritan Tema Pahlawan 1
Pangeran Diponegoro
Rogo nata….
Nolo kawula…
Taker ludira
Nggusah panjajahan Walanda
Saka bumi nusantara
Runtiking ati
Perso solaheng kampemi
Sawiyah marang bumi lan abdi
Labuh pati ndepani pertiwi.
Tan ngetan kurbane picis..
Tan miris landepe mimis…
Nganti mumeko ing lalis
Tumpes tapis
Penget tumrap poro muda-mudi
Mirih nulad-anulada
Lubuh bangsa mbangun praja
Mbrasta dumalaning Negara
Geguritan Tema Pahlawan 2
Pangeran Diponegoro
Ngagem sorban ingkang petak
Nitih turangga kanti ngagem keris
Kangge ngelawan para penjajah
Panjenengan mboten nate gigring…
Jiwa lan ragamu dados korban
Kangge Nusantara
Diponegoro…
Asmamu kaseret ing jeneng-jenenge dalan
Pragamu kang wibawa…
Tunemplek ono ing arto…
Karya : Aditya Bambang Tri Anggoro
Baca Juga : Paribahasa Jawa
Geguritan Tema Pahlawan 3
Berikut ini adalah contoh geguritan pahlawan tanpa tanda jasa, karya dari Rono
Pahlawan
Pahlawan sliramu kang dadi dalan Kemerdekaan
Tanda awak ora wedi marang kematian
Nyowomu dadi pondasine kebebasan
Kangge rakyat sangking cengkremane penindasan
Pahlawan, semangatmu koyo geni
Ngobong kabeh pasukane
Kangge njaga lemah kang di tresnani
Indonesia merdeka Indonesia di hormati
Pitulas Agustus tahun sewu papat lima
Ono sing diimpikne dadi nyata
Saiki Indonesia wes merdeka
Pahlawan, perjuanganmu ora sia-sia
Indonesia Meredeka…!!!
Indonesia Merdeka…!!!
Kabeh mergo perjuanganmu
Pahlawanku…
Geguritan Tema Pahlawan 4
Raden Ajeng Kartini
Senajan panjenengan wanita
Ananging purun rekasa
Senajan dipingit wong tuwo
Atine tetep mbela
Mbela kaum wanita
Aja nganti kalah prakosa
Jejere wanita
Kudu tetep siaga
Ngowahi nasibe bangsa
Nduwe wawasan kang jembar
Kangge nggayuh lintang kang sumunar
Geguritan Tema Pahlawan Kartini
Kartini…
Sinten seng mboten kenal kale panjenengan
Pahlawan kang mbelo kaum wanita
Pahlawan kang berjuang nentang paugeran Walanda
Kartini….
Senajan tinitah dadi priyai
Nduweni trah Bangsawan
Kartini mbelo emansipasi wanita
Mbelo rakyat jelanta
Kartini….
Wulan April iki dados saksi
Lelabuhanmu kang misuwur tumrap Bangsa Indonesia
Habis gelap terbitlah terang “sakwise peteng munculne padang”
Dadi bukti masa perjuangan
Kuto Jepara dadi panggonan ngukir sejarah wanita
Kartini….
Amergi jasamu
Wanita Eropa lan wanita Pribumi,
Dadi nduweni hak kang podho
Nduweni hak pikantuk pendidikan..
Geguritan Bahasa Jawa Tema Kartini
Kartini….
Sopo kang ora kenal panjenengan
Pahlawan kang mbelo kaume wanita
Pahlawan kang berjuang nentang paugeran Walanda…
Kartini….
Senajan tinitah dados priyai
Nduweni trah Bangsawan
Kartini mbelani emansipasi wanita
Mbelok rakyat jelanta…
Kartini….
Amerga jasamu
Wanita Eropa lan wanita pribumi
Dadi nduweni hak kang padho
Nduweni hak pikantuk pendidikan…
Baca Juga : Geguritan Bahasa Jawa
Geguritan Tema Pahlawan Kemerdekaan
Berikut ini contoh dari geguritan pahlawan kemerdekaan karya dari Tantiningsih.
Pahlawanku
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedih
Kerajang rajang manahe
Karujut rujit rasa pangarsane
Pahlawanku…
Mugya Gusti paringi nugraha
Semana gedene buktimu
Jiwa raga bandha ndunyo
Tanpa sisah
Amung siji pangajabmu
Merdeka…
Pahlawan Ki Hajar Dewantara
Ing ademe howo Walanda
Siro panggah netepi setya
Nyawiji ing ngilmu
Ngugemi ing laku
Nyeret ing saben-saben waktu
Nalikane ati krasa
Krungu suara jerite sadulur
Ing lemah pertiwi
Sira gumregah greget
Bali ing desa mijilmu
Nusantara.
Suwardi suryaningrat
Kondang kanti asma Ki Hajar Dewantara,
Putra Kraton kang sugih bhando brana
Milih dadi satriya lelana
Manunggal sajroning rakyat jelanta,
Gugur dados pahlawan Negara
Minangka bapak pendidikan Bangsa…
Karya : Bisri Nuryadi
Geguritan Perjuangan Pahlawan
Witah Getihku
Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare bagas kara
Padang sumilak hanelai jagad nusantara
Bumi Pusaka wes kawentar
Ombak-ombak samudra, kencana kang ngrenggani
Wutah getihku ndak tresnani
Kawulamu…
Guyub rukun anambut kardi
Jeroning swasana merdeka lan tentrem
Giling ing tekat kang manunggal
Cumitak jeroning manah, bebarengan ambangun
Aku lila…
Korban jowo rogo kangge bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet raharjaning Negara
Lumantara iki….
Isining atiku ginurut
Prasetyaku tukul songko atik kang tulus,
Jogo langgenging kemerdekaan
Dungo pujiku kabeh kaendahan, kangge wutah getiku
Karya : Mahardono Wuryantoro
Geguritan Bahasa Jawa Pahlawan Kartini Emansipasi
Wanondya ayu utama
Pantes kinaryo tulodho
Nadyan piningit
Jiwa lan gegayuhane sundul langit
Nenggih sang kartini pahlawan emansipasi
Kartini….Kartini….Kartini….
Nadyan krubyuk kabotan pinjung
Tetep jiwo satrio mbangun Negara
Aminyak pedut kasangsaran lan kanishtan
Asung pepadhang maring wanita bangsa
Lumantar dalancang kang rinakit basa lan sastra
Hambudiya kemerdekaning wanita
Wanita darbe drajat kang podo lan priyo
Wanita amung dados konco wingking..
Saiki dados wong kang penting
Wania amung ono sumur, dapur lan kasur… ?
Saiki dados gubernur…
Kartini yekti pantes pinuji
Kartini yekti pantes jinunjung
Kartini yekti pantes kunurma
Minongko kebang ing Nusantara…
Geguritan Tema Pahlawan Ir. Soekarno
Ir. Soekarno
Panjenengan niku Pahlawan Negara
Pahlawane Bangsa Indonesia
Bebasne Negeri sangking panjajahan
Ndadeake Bangsa kang merdeka
Jasane panjenengan katah dicontoh kale kawulo muda
Ndadosaken Indonesia Merdeka
Bebas sangking penjajah
Panjenengan dados kesatria Bangsa Indonesia
Lelabuhanmu patut dicontoh kawulo muda..
Geguritan Tentang Pahlawan Segara Aru
Segara Aru
Bener lan yekti
Ananging sliramu dados seksi
Marang poro Pahlawan sejati
Ingkang mulih aran awit bekti
Ingkang mangku awet jejibahan
Maring tugas ingkang luhor lan jujureng palaga
Engkang ngemban amanat ayahan.
Segoro aru kang biru lugu blak-blakan
Ingkang ngemu madu
Marang madune bangsa satuhu
Kang pareng asmo Yos Sudarso yaiku
Korban kang ono ing segoro aru
Sangking ludira engkang wekasan
Ingkang kangge nebus Iran
Yos Sudarso salah sijine kang gugur kalayan
Lan asmo ingkang wes misuwur ing bebrayan…
Baca Juga : Geguritan Tema Guru
Geguritan Tentang Pahlawan
Amung sliramu sing dados pepujanku
Ora biso dadi iso
Cengengesan dados disiplin
Harapan kang awale ora onok dadi ketok jelas ing ngarep mata
Aku ora biso mbales jasane njenengan
Ananging aku mung iso ngamalke ilmune panjenengan
Duh Pahlawanku….
Ora onok uwong sing iso nyaingi jasamu
Estu, panjenengan kang terbaik.
Padange srengenge nyinari esemanmu
Iku kang gae semangat manahku
Ora onok sing iso nandingin keikhlasanmu
Mugi-mugi perjuangane dados sangu
Aku ora bakal lali kabeh marang jasamu
Aku mung biso bales jasane lewat dedungo iki
Hangsanipun kulo mung isok ngucap matur nuwun pahlawanku…
Geguritan Pahlawan
Pahlawan Kamardekan
Pahlawan, kang dadi dalan kamardikaan
Awak kang ora wedi marang kematian,
Nglelakne nyowomu dados pondasine kebebasan
Kanggo bebaske rakyat saking penindasan
Pahlawan, kang awan bengi lawan maut
Ngelawan musuh-mush kang semrawut,
Marang kabeh lawan kowe ngajak gelut
Ora mikiri awakmu pada benjut
Pahlawan, semangatmu wes koyok geni
Kang ngobong kabeh pasukan kompeni
Ingkang kangge njagi Negara kang ditresnani
Indonesia kang merdeka, Indonesia kang kita hormati
Ing tanggal pitulas Agustus tajun papat lima
Kang diimpihake dadi nyata
Indonesia saiki sampun merdeka
Pahlawan, ingkang perjuangane tanpo sia-sia
Iki sedanten amergi perjuanganmu
Yaiku para Pahlawanku…
Geguritan Tema Pahlawan 4 Bait
Para Serdadu Bayangan
Peluru tajam kau siapkan
Kegagahanmu memimpin semangatmu..
Strategi kau pasang…
Dan kau menjadikan umpan kemenangan..
Kegagahanmu membasmi para penjajah
Meski kau menjadi bayangan semata
Namun kau tak terlupakan
Karena kau lupa akan peluru yang menembusnya…
Kini ibu pertiwi telah merintih kesakitan
Hasil perjuanganmu menjadikan perih
Terinjak oleh generasi kurang ajar
Hati ini terasa pilu
Tanah air mengering
Basahmu telah terkuras
Dan meresap ke dalam tanah subur
Dan kini menjadi gersang…
Geguritan Tema Pahlawan Singkat
Raden Ajeng Kartini
Senajan panjenengan wanita
Ananging gelem rekasa
Senajan dipingit wong tuwo
Atine tetep mbela
Mbela kaum wanita
Ojo nganti kalah prakosa..
Jejere wanita
Kudu tetep siap
Ngowahi nasibe bangsa
Nurunake nasibe bangsa
Nduwe wawasan kang jembar
Kangge nggayuh lintang kang sumunar…
Demikian penjelasan artikel ini secara lengkap, apabila ada kesalah di dalam tulisan ataupun artinya mohon untuk dimaafkan. Mudah-mudahan artikel ini bermanfaat bagi kita semua. Selalu kunjungi website kami di symbianplanet.net